Selasa, 30 Juni 2020

MATERI DRAMA

DRAMA

A. Pangerten 
Drama mujudake crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan tartamtu ditulis kanthi wujud pacaturan lan dipentasake ing panggung. 
B. Titikane drama
1. Wujud crita kang diandharake nganggo pacelathon lan dipentasake. 
2. Nyritakake lelakon manungsa utawa kahanan sakiwa tengene manungsa. 
3. Pacelathon digawe wujud babak 1…. 2…. Lan sateruse. 
4. Kahanan sakiwa tengene kadadeyan ditulis, lumrahe sajrone tandha kurung. 
5. Amarga dipentasake, mula merlokake ubarampe pentas. 
C. Jinise Drama
1. Komedi yaiku drama sing ngandharake lelakon kang lucu saengga ndadekake wong kang nonton ngguyu lan seneng. 
2. Tragedi yaiku drama kang ngandharake lelakon sing sedhih, nrenyuhakelan ndadekake wong kang nonton dadi trenyuh, wedi lan nelangsa. 
3. Sendratari yaiku drama sing wujude seni drama lan tari. Crita drama diwujudake lumantar gerakan tari kang kairingi gamelan. 
4. Tablo yaiku drama kang dipentasake lumantar swara saka mburine keber/ panggung. Paraga ing panggung mung nggambarake lan mragakake wae. 
5. Opera yaiku drama dipentasake kanthi iringan lelagon lan musik. Yen pamentasan mung sadhela diarani operet. 
6. Pantomim yaiku drama sing dipentasake lumantar obahe awak/ isyarat. Alur crita uga digambarake lumantar gerak. 
7. Dhagelan yaiku drama kang dipentasake mung kanggo ngguyokake penonton. Dhagelan luwih prasaja tinimbang komedi. 
D. Unsur-Unsur Kang Ana Ing Drama 
Lumrahe unsur drama padha wae karo karya sastra fiksi liyane. Drama kasusun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik.
1. Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing sajroning drama. 
a. Tema : Gagasan utama kang diandharake pangripta utawa pengarang. 
b. Paraga : Pawongan kang ana ing sajroning drama.
c. Pamaragan : watak paraga kang ana ing sajroning drama. Kanggo mangerteni watake paraga saka pacelathon bisa rong cara. 
·        Saka tembung-tembung kang diomongake paraga nalika nganakake pacelathon karo paraga liya. 
·        Saka tetembungan kang diomongake paraga liya nalika ngomongake dheweke.
d. Alur : Urut-urutan crita kang ana ing sajroning drama. Nalika crita diwiwiti nganti paripurna. Alur dhewe diperang dadi telu yaiku alur maju, mundur lan campuran.
e. Konflik : Inti saka drama. 
f. Pepeling : Pesen pangripta kang arep diaturake marang pamaos. Tujuwane amrih para pamaos nindakake apa kang dikarepake pangripta. Kanggo bisa nemtokake pesen saka pangripta kudu 
1) Mangerteni kanthi temen isine crita. 
2) Nggawe dudutan saka isine crita.
2. Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing sanjabane dramananging, nduweni pangaribawa kang gedhe. Upamane faktor-faktor sosial politik nalika naskah drama diciptakake, faktor ekonomi, faktor lingkungan pangripta lsp.


1 komentar:

  1. Some who circumvent the 우리카지노 law choose to keep a low profile at home and only go to offshore websites. If you don't bother to verify whether or not or not the on line casino you're be} taking part in} at is licenced by the relevant authorities before you start to gamble, then you open yourself as much as} all sorts of issues. You may also be unwittingly serving to to fund organised crime just by taking part in} there. Outside of the massive cities, South Korea is still a pleasantly rural country. English is not all the time broadly spoken and it is potential to get an actual flavour of how individuals reside here just by strolling round.

    BalasHapus