Selasa, 30 Juni 2020

MATERI WAYANG

A. KAWRUH SASTRA
     Wayang, salah sijine saka kesenian Jawa sing wis diakoni pinangka warisan budaya dunia. Pagelaran wayang mujudake seni pertunjukkan sing mbutuhake seni musik, seni suara, seni rupa, seni tari, seni drama lan seni sastra. Yen dijingglengi saka seni sastra/kasusastran, crita wayang babone saka kakawin, kitab lan serat sing mujudaken asil karya sastra.
      Jinise wayang ing Jawa mligine, lan ing Indonesia akeh banget, amarga meh kabeh daerah/wilayah ing Indonesia nduweni wayang kanthi ciri khas.Ing Jawa bae jenis lan babone crita uga beda-beda. Wayang purwa (kulit/ wong) babon critane saka kitab Ramayana lan Mahabarata. Wayang Golek lan wayang krucilbabon critane saka serat babad, serat menak lan crita rakyat. Wayang jemblung babon critane saka serat Ambiyak, wayang suluh babone crita saka kisah nabi Isa ing kitab Injil lan crita rakyat. Lan isih akeh maneh jenise wayang sing saiki wis langka lan bisa ditemoni ing museum kayata wayang beber, wayang thithi, wayang potei, wayang thengul lan sapanunggalane.
   Wayang purwa uga diarani wayang kulit. Babone crita wayang purwa iku Serat Mahabarata lan serat Ramayana. Serat Mahabarata kaanggit dening pujangga Wiyasa, dene serat Ramayana kaanggit dening pujangga Walmiki.Crita kaloro mau asal usule saka India. Nalika crita kasebut melbu ing Tanah Jawa, para pujangga lan para winasis jawa ngolah lan njarwakake sarta kajumbuhan karo pangrasa, tata cara lan pribadhi Jawa. Serat Ramayana diolah lan dijarwakake nganggo basa Jawa Kuna. Saka asil pamikire para winasis Jawa mujudake perangan wayang kanthi 18 cacahe, antarane yaiku:
  1. 1.     Wayang purwa
    Wayang sing digawe saka lulang. Biasane njupuk lakon Mahabarata lan Ramayana. Wayang iki wiwit ana kira-kira taun 903
    2.     Wayang wong
    Wayang sing paragane wong. Biasane njupuk lakon saka Mahabarata lan Ramayana.
    3.     Wayang golek
    Wayang sing digawe saka kayu, wujude boneka. Disandhingi rerenggan wayang. Biasane njupuk lakon Amir Hamzah utawa Umar Maya. Wayang iku wiwit ana kira-kira abad ka-19
    4.     Wayang krucil
    Wayang sing digawe saka kayu,wangune gepeng. Biasane njupuk lakon Damarwulan.
    5.     Wayang Beber  sing wujude gambar sing dijereng lan dibeber. Dhalang nyritakake isine gambar. Biasane njupuk lakon Panji. Wayang iku wiwit ana kira-kira taun 1564.
    6.     Wayang kancil
    Wayang sing perangane kewan kabheh. Njupuk lakon dongeng kancil, wayang iku wiwit ana kira-kira taun 1830.
    7.     Wayang Dupara
    Wayang digawe saka kulit, nggambarake crita saka Kraton Demak nganti tekan Surakarta, wiwit ana ing taun 1830.
    8.     Wayang Adam Makrifat
    Wayang sing nyritakake kawruh tasawuf. Wayang iku wiwit ana kira-kira taun 1940.
    9.     Wayang Gedhog
    Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk cerita Panji. Wiwit ana taun 1563.
    10.    Wayang Pancasila
    Wayang sing digawe saka kulit. Njupuk lakon pengalaman pancasila, wiwit ana ing taun 1947.
    11.    Wayang Wahyu
    Wayang sing digawe saka kulit, njupuk lakon saka kitab injil, wiwit ana ing taun 1963
    12.    Wayang Jawa
    Digawe saka kulit, njupuk lakon bab perjuangane pangeran Diponegoro wiwit ana taun 1940
    13.    Wayang Perjuangan
    Digawe saka kulit, njupuk lakon bab perjuangan bangsa Indonesia wiwit ana kira0kira taun 1943
    14.    Wayang Suluh
    Njupuk lakon bab perjuangan lan penerangan liyane kaya ta bab tarnsmigrasi wiwit ana taun 1947
    15.    Wayang Sejati
    Njupuk lakon bab kawruh syarat wiwit ana kira-kira taun 1972
    16.    Wayang Kidang Kencana
    Wayang sing digawe saka kulit, njupuk lakon Mahabarata lan Ramayana wiwit ana kira-kira taun 1556
    17.    Wayang Madya
    Njupuk lakon crita Parikesit, wiwit ana ing taun 1850.
    18.    Wayang Kuluk
    Njupuk lakon crita saka Kraton Demak nganti tekan Ngyogyakarta. Wiwit ana ing taun 1830.
B. KAWRUH BASA
1. Swara jejeg lan swara miring
a.  Swara jejeg, tegese aksara swara diwaca lan diucapake kanthi jejeg apa anane. Lumrahe aksara swara mau manggon ana wanda tinarbuka, ora disigeg.
Tuladhane:dina, wadyabala, uga, saka, mula, iki lsp.
b.  Swara miring, tegese aksara swara diwaca lan diucapake rada miring nyedhaki aksara swara liyane. lumrahe, aksara swara mau manggon ana wanda sigeg.
Tuladha: perang, pandhawa, weruh, marang,panuwun, lsp.
2. Swara aksara t (ta), aksara q (tha), f(da) lan d (dha)
·      t (ta)à[to [tok\ =  Totok (jeneng uwong)
·      q (tha)à[qo[qok\  = thothok (dithuthuk karo balunge driji sing ditekuk)
·      f(da)àpf  =  pada (BI. Bait) d(dha)àp d=  padha (BI. Sama)

0 komentar:

Posting Komentar