AYO SINAU BASA JAWA

Basa Jawa minangka warisan bangsa, mula kudu diuri-uri.

SENENG MARANG WAYANG

Wayang kuwi saka tembung ayang-ayang kang tegese 'bayangan'. Wayang iki diripta dening Wali Sanga.

DRAMA BASA JAWA

Drama kuwi ora mung nganggo basa Indonesia utawa basa Inggris wae lho. Drama uga ana sing nganggo basa Jawa

Tampilkan postingan dengan label Materi Kelas VIII. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Materi Kelas VIII. Tampilkan semua postingan

Selasa, 30 Juni 2020

Pasinaon Unggah-Ungguh Basa

Berikut adalah video praktek untuk kelas 8 mengenai materi Unggah-ungguh Basa : 

Unggah-ungguhing basa utawa bisa disebut undha-usuk basa tegese yaiku tatacarane matur/ngomong miturut penganggonane bab iki kanggo mujudake sopan santun, tatasusila, lan tatakrama marang awake dhewe lan wong liya. Ancase utawa tujuane dianakake unggah-ungguh basa, yaiku kanggo ngurmati awake dhewe utamane wong liya kang mesthi dikurmati lan diajeni, saengga bisa nuwuhake kesan padha saling ngurmati. Ing panguripan ing saben dina, panganggone unggah-ungguh basa gampang ditemoni. Kaya wong lagi ketemuan, utawa wong sing arep mertamu. Ing ngisor iki ana tuladha tata carane wong sing arep mertamu. Coba simakken !

UNGGAH-UNGGUH BASA

Berikut adalah pokok bahasan mengenai materi Unggah-ungguh Basa kelas 8 :

Gambar ing ngisor iki nuduhake pawongan sing lagi cecaturan (omong-omongan). Sajrone cecaturan mesthine nggunakake basa sing becik, bener lan pener.

Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 2, yaiku basa NGOKO lan KRAMA, banjur saka basa mau diperang dadi 4 basa yaiku: