AYO SINAU BASA JAWA

Basa Jawa minangka warisan bangsa, mula kudu diuri-uri.

SENENG MARANG WAYANG

Wayang kuwi saka tembung ayang-ayang kang tegese 'bayangan'. Wayang iki diripta dening Wali Sanga.

DRAMA BASA JAWA

Drama kuwi ora mung nganggo basa Indonesia utawa basa Inggris wae lho. Drama uga ana sing nganggo basa Jawa

Selasa, 30 Juni 2020

UNGGAH-UNGGUH BASA

Berikut adalah pokok bahasan mengenai materi Unggah-ungguh Basa kelas 8 :

Gambar ing ngisor iki nuduhake pawongan sing lagi cecaturan (omong-omongan). Sajrone cecaturan mesthine nggunakake basa sing becik, bener lan pener.

Basa iku minangka sarana kanggo komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget nanging sing lumrah digunakake iku ana 2, yaiku basa NGOKO lan KRAMA, banjur saka basa mau diperang dadi 4 basa yaiku: