Kanggo nambah kawruhmu ngenani materi-materi Bahasa Jawa, mangga bisa ngundhuh fie buku Paket Kirtya Basa ing ngisor iki :
AYO SINAU BASA JAWA
Basa Jawa minangka warisan bangsa, mula kudu diuri-uri.
SENENG MARANG WAYANG
Wayang kuwi saka tembung ayang-ayang kang tegese 'bayangan'. Wayang iki diripta dening Wali Sanga.
DRAMA BASA JAWA
Drama kuwi ora mung nganggo basa Indonesia utawa basa Inggris wae lho. Drama uga ana sing nganggo basa Jawa
Selasa, 30 Juni 2020
SOAL ONLINE
Berikut adalah latihan soal untuk kelas 8 dan digunakan untuk
mengukur sejauh mana pemahaman kalian tentang pokok bahasan Unggah-ungguh basa, silakan
kerjakan soal dibawah ini :
MATERI DRAMA
DRAMA
A. Pangerten
Drama mujudake
crita gancaran kang ngandharake lelakone manungsa utawa kahanan tartamtu
ditulis kanthi wujud pacaturan lan dipentasake ing panggung.
B. Titikane drama
1. Wujud crita kang diandharake nganggo pacelathon lan
dipentasake.
2. Nyritakake lelakon manungsa utawa kahanan sakiwa tengene
manungsa.
3. Pacelathon digawe wujud babak 1…. 2…. Lan sateruse.
4. Kahanan sakiwa tengene kadadeyan ditulis, lumrahe sajrone
tandha kurung.
5. Amarga
dipentasake, mula merlokake ubarampe pentas.
C. Jinise Drama
1. Komedi yaiku drama sing ngandharake lelakon kang lucu saengga
ndadekake wong kang nonton ngguyu lan seneng.
2. Tragedi yaiku drama kang ngandharake lelakon sing sedhih,
nrenyuhakelan ndadekake wong kang nonton dadi trenyuh, wedi lan nelangsa.
3. Sendratari yaiku drama sing wujude seni drama lan tari. Crita
drama diwujudake lumantar gerakan tari kang kairingi gamelan.
4. Tablo yaiku drama kang dipentasake lumantar swara saka mburine
keber/ panggung. Paraga ing panggung mung nggambarake lan mragakake wae.
5. Opera yaiku drama dipentasake kanthi iringan lelagon lan musik.
Yen pamentasan mung sadhela diarani operet.
6. Pantomim yaiku drama sing dipentasake lumantar obahe awak/
isyarat. Alur crita uga digambarake lumantar gerak.
7. Dhagelan
yaiku drama kang dipentasake mung kanggo ngguyokake penonton. Dhagelan luwih
prasaja tinimbang komedi.
D. Unsur-Unsur Kang Ana Ing Drama
Lumrahe unsur drama padha wae karo karya sastra fiksi liyane.
Drama kasusun saka unsur intrinsik lan ekstrinsik.
1. Unsur intrinsik yaiku unsur kang ana ing
sajroning drama.
a. Tema : Gagasan utama kang diandharake pangripta utawa
pengarang.
b. Paraga : Pawongan kang ana ing sajroning drama.
c. Pamaragan : watak paraga kang ana ing sajroning drama. Kanggo
mangerteni watake paraga saka pacelathon bisa rong cara.
·
Saka tembung-tembung kang
diomongake paraga nalika nganakake pacelathon karo paraga liya.
·
Saka tetembungan kang diomongake
paraga liya nalika ngomongake dheweke.
d. Alur : Urut-urutan crita kang ana ing sajroning drama. Nalika
crita diwiwiti nganti paripurna. Alur dhewe diperang dadi telu yaiku alur maju,
mundur lan campuran.
e. Konflik : Inti saka drama.
f. Pepeling : Pesen pangripta kang arep diaturake marang pamaos.
Tujuwane amrih para pamaos nindakake apa kang dikarepake pangripta. Kanggo bisa
nemtokake pesen saka pangripta kudu
1) Mangerteni kanthi temen isine crita.
2) Nggawe
dudutan saka isine crita.
2. Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang ana ing
sanjabane dramananging, nduweni pangaribawa kang gedhe. Upamane faktor-faktor
sosial politik nalika naskah drama diciptakake, faktor ekonomi, faktor
lingkungan pangripta lsp.
MATERI WAYANG
A. KAWRUH
SASTRA
Wayang, salah sijine saka kesenian Jawa sing wis diakoni
pinangka warisan budaya dunia. Pagelaran wayang mujudake seni pertunjukkan sing
mbutuhake seni musik, seni suara, seni rupa, seni tari, seni drama lan seni
sastra. Yen dijingglengi saka seni sastra/kasusastran, crita wayang babone saka
kakawin, kitab lan serat sing mujudaken asil karya sastra.
RPP BAJA KLS VIII SEM 1
Berikut
adalah RPP Mata Pelajaran Bahasa Jawa Kelas 8 Semester 1 (Ganjil), dan pokok bahasannya adalah Wawancara :
Bagi bapak/ibu yang ingin mendownload RPP ini, silakan klik DISINI
Pasinaon Unggah-Ungguh Basa
Berikut adalah video praktek untuk kelas 8 mengenai materi Unggah-ungguh Basa :
Unggah-ungguhing
basa utawa bisa disebut undha-usuk basa tegese yaiku tatacarane
matur/ngomong miturut penganggonane bab iki kanggo mujudake sopan
santun, tatasusila, lan tatakrama marang awake dhewe lan wong liya.
Ancase utawa tujuane dianakake unggah-ungguh basa, yaiku kanggo ngurmati
awake dhewe utamane wong liya kang mesthi dikurmati lan diajeni,
saengga bisa nuwuhake kesan padha saling ngurmati. Ing panguripan ing
saben dina, panganggone unggah-ungguh basa gampang ditemoni. Kaya wong
lagi ketemuan, utawa wong sing arep mertamu. Ing ngisor iki ana tuladha
tata carane wong sing arep mertamu. Coba simakken !
UNGGAH-UNGGUH BASA
Berikut adalah pokok bahasan mengenai materi Unggah-ungguh Basa kelas 8 :
Gambar
ing ngisor iki nuduhake pawongan sing lagi cecaturan (omong-omongan).
Sajrone cecaturan mesthine nggunakake basa sing becik, bener lan pener.
Basa iku minangka sarana kanggo
komunikasi, kanggo nglantarake marang sawijining maksud utawa kekarepan marang
wong sing diajak guneman. Basa uga dadi sarana kanggo nglairake panguneg-uneg
kanthi cara nulis utawa maca. Mula anggone nggunaake basa kudu trep ora kena
tumpang suh, kudu mangerteni marang sapa sing diajak guneman. Mula basa iku
duweni unggah-ungguh. Dene unggah-ungguhing basa iku sabenere akeh banget
nanging sing lumrah digunakake iku ana 2, yaiku basa NGOKO
lan KRAMA,
banjur saka basa mau diperang dadi 4 basa yaiku:










